Dinten Minggu enjing, Bagong kaliyan Bei wonten ing halte. Tiyang kalih wau badhe tindak wonten kitha saperlu badhe blanja.
Bagong : Bei ! Enakke arep blanja apa ing Malioboro?
Bei : Pripun nek blanja sendal jepit, lan baline ngiras pantes tumbas gorengan?
Bagong : Wah, Leres niku. Mumpung sandalku bedhat kabeh.
Sampun dangu ngentosi bis, dumadakan Mbakyu Shinta langkung.
Bei : Mbakyu Shinta, badhe tindak pundi?
Shinta : Eh, Mas Bagong kalih Mas Bei. Menika badhe tindak Bringharjo badhe tumbas kain kafan. Ndherek napa?
Bagong &Bei : Pun mbotensah mangkih malah dipunbungkus ngagem kain wau.
Dumadakan wonten Bis ingkang langkung kapireng kemruwek, kaliyan wonten tiyang ingkang
penekkan.
Bagong : Aduh! Jaman sakniki sampun pancen jaman edan. Malah-malah ngantos ngeteniki. Mesakake ingkang sampun ngedan nanging malah mboten keduman. Ingkang mboten ngedan ananging keduman nggih kathah kok nggih to, mbak?
Shinta : Hanggih niku Mas Bagong, kamangka sakniki pemerintah sampun nglarang tegas ngagem Undang-Undang khusus.
Bei : Undang-Undang niku napa nggih?
Bagong : Undang-undang ki kae lho kaya sing nggon manten, terus gendhuren-gendhuren kae.
Shinta : Wah, ngawur sedaya. Undang-Undang menika paugeran ingkang dipundamel lan dipuntetepake dening pemerintah kagem kasejahteraning masyarakat.
Bagong & Bei : Owallah, ngaten to?
Shita : Lha, milanipun kita kedah tansah nglampahi lan manut dhateng paugeran lalu lintas supados ayem tentrem lan tertib panggesanganipun. Yen ngoten wau saged ndamel kacilakan lho, Mas.
Bei : Ehmmm, leres leres. Lho rungokke Gong.
Bagong : Iyo iyo. Oh, Mbak Shinta, sumonggo niki sampun wonten bis. Monggo mlebet rumiyin.
Saksampunipun Bagong, Bei, kaliyan Mbak Shinta ngendikan kala wau wonten leresipun. Kita warga sedaya, kedah ngindahkake paugeran ingkang sampun dipundamel dening pemerintah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar